Ngowahi ukara dadi ragam basa.
Nalika ibu ngombe teh, adik melu ngombe pisan.
➢ Ngoko Alus = nalika ibu ngunjuk teh, adik nderek ngombe pisan.
➢ Krama lugu = nalika ibu ngunjuk teh, adik tumut nginum pindhah.
➢ Krama Alus = nalika ibu ngunjuk teh, adik nderek nginum pindhah.
_______________________
Pembahasan
Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.
Unggah ungguh basa ana 2 :
1. Ngoko :
- Ngoko lugu
- Ngoko alus
2. Krama :
- Krama lugu
- Krama alus
⚫ Ngoko lugu
Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.
→ panggonane :
padha kanca sadrajat
marang wong kang luwih enom
→ tuladhane :
Kowe arep menyang endi?
⚫ Ngoko alus
Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.
→ sing dikramakne :
wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih
panindake, umume arupa tembung kriya
kaduwekane, awujud tembung Aran
→ panggonane :
dulur enom marang dulur tuwa
kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur
wong sadrajat kang padha ngajeni
ibu marang bapak sing kulina Ngoko
→ tuladhane :
Panjenengan arep tindak menyang endi?
⚫ Basa Krama lugu
Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.
→ panggonane :
wong sadrajat sing durung akrab
wong sing durung kenal
→ tuladhane :
sampeyan badhe kesah ten pundi?
⚫ Basa Krama Alus
Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.
→ panggonane :
wong enom marang wong tuwa
marang wong sing dhuwur drajate
→ tuladhane :
Panjenengan badhe tindak pundi?
Detail Jawaban
- Mapel : Bahasa Daerah
- Kelas : 7
- Materi : Unggah ungguh basa
- Kode : 13